Piwulang Budhi Pakerti

TEPA TULADHA

 

PANGGULAWENTHAH sing becik iku ora mung arupa piwulang lan wewarah, nanging uga arupa tuladha tindak kang becik. Senajan oleh pitutur kang becik, nanging yen pitutur mau ora dikantheni tuladha kang becik, sing dituturi durung mesthi bakal nduweni bebuden lan tindak-tanduk kang becik. Apa maneh yen sing aweh pitutur iku tindak-tanduke ora becik. Sing perlu asung tuladha utawa conto tindak kang becik mau ora mung wong tuwa lan guru, nanging uga para pejabat utawa para pemimpin. Masyarakat kita iku sifate paternalistis, lire apa kang katindakake dening wong tuwa, guru, pejabat, lan pemimpin iku tansah dadi patuladhan. Mula dadi wong tuwa, guru, pejabat, lan pemimpin iku kudu ngati-ati, ngelingi menawa tindak-tanduke tansah tinulad dening anak, para siswa, anak buah, lan masyarakat.

Ananging ing wektu iki sing bisa gawe abang-ijone wewatakane para mudha iku ora mung dumunung ing panggulawenthah. Sesrawungan, wacan, tontonan bisa ndayani jiwane para mudha. Kemajuan ing babagan teknologi informasi ora sethithik pengaruhe tumrap kapribadene para mudha. Penemuan piranti-piranti modern gedhe manfaate tumrap manungsa, nanging yen ora trep olehe migunakake, uga ora sithik mudharate. Pendidikan jaman saiki akeh banget tantangan utawa sandhungane. Ing antarane para siswa akeh kang padha kecanduan narkoba. Ing antarane sekolah siji lan sijine murid-muride padha tawuran. Hubungan seks bebas ing antarane para mudha tinemu ing sadhengah papan. Banjur kasusul anane pengguguran kandungan lan pembuangan janin lan bayi.

Kahanane bangsa kita pancen lagi surem. Sureming kahanan mau ora mung ana ing jagad cilik, nanging uga ing jagad gedhe. Ing jagad cilik manungsa ngumbar hawa nepsu, kesrakahan, lan kamurkan, tansah ngelak marang bandha donya lan panguwasa. Ing jagad gedhe matumpa-tumpa bencana alam kang tumeka. Musibah susul-sinusul kaya ora ana mandhege. Kang kedadeyan ing jagad cilik kaya-kaya numusi marang jagad gedhe. Yen jagad cilik durung becik, jagad gedhe tansah ketaman dahuru.

Yen ing pewayangan, timbuling gara-gara iku awit anane satriya kang lagi gentur tapane. Genturing tapane mahanani gara-gara kang digambarake kadidene bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelop, gunung mosak-masik, segara kaya diudhak, lindhu kaping pitu sedina. Gara-gara iku krasa nganti tekan Kayangan, nganti para dewa padha nganakake parepatan ngrembug bab asaling gara-gara. Gara-gara ing pawayangan iku kaya-kaya ora sepiraa yen katandhing karo gara-gara sing nembe kita alami. Sing genah gara-gara mau sumbere saka jagad cilik. Dadi, ana sambung-rapete ing antarane jagad cilik lan jagad gedhe. Ya mung yen ing pewayangan gara-gara iku amarga anane satriya sing lagi gentur tapane, gara-gara sing kita alami iki tuwuh marga rusaking bebudene manungsa.

Supaya dahuru kang matumpa-tumpa iku bisa sirep, kahanan ing jagad cilik kudu ditata. Carane kepriye? Yaiku kanthi njejegake hukum. Sing salah kudu dipidana. Sing KKN, sing ngrusak alas, sing nyunati dhuwite rakyat kudu dipatrapi paukuman sing samurwat. Cak-cakane kudu adil, ora tebang pilih. Generasi mudha perlu digulawenthah kanthi becik. Para pemimpin, pejabat, guru lan liya-liyane kudu tansah aweh tuladha bebuden lan tindak kang becik. Moral utawa akhlaking bangsa kudu diperdi supaya dadi becik. Yen tuladha kang becik mau tinulad dening para mudha dalah masyarakat, kahanan ing jagad cilik dadi becik.

Yen ….

jagad cilik wis tumata,

wis ora ana KKN,

yen hukum wis ngadeg jejeg,

mbokmenawa gonjang-ganjing ing jagad gedhe bakal sirep.

Yen …..

pra manungsa gelem padha sabar

gelem padha subur

mangerteni apa kang dikarepake dening jagad

nggatekake apa kang kumlawe aneng sakiwa tengene

mendah …..

Yen ……

pra manungsa gelem padha uwal

gelem padha ngrekasa

ateges nggulawenthah peparinge Gusti

begja kang tinemu

mulya kang tinemu

Mula ta mula ….

sadhara tumrap awakmu dhewe

gulangen kanthi premana

solah bawa, tindak-tanduk, lan subasita

aja nganti gawe GARA-GARA. …………

gara-garaning awak

            Murkaning jagad tan kena kinira

            bebasan sabdaning Dewa nora bakal wola-wali

Tinggalkan Balasan

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

Connecting to %s

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.