Geguritan
Prasetyamu
biyen mono ……
sliramu nate janji marang aku
nanging mung sawetara
ananing prasetyamu marang aku
ora dadi ngapa ……
iku pancen wis garisku
sing diparingake dening Gusti
kang kudu dakadhepi
ora mung cukup dakkedhepi
ya …. ya …aku ngerti
kabeh pokalmu ing padinan
kang bisa gawe tentreming awakmu
nanging siji kan dakjaluk
prasetyamu marang awakmu dhewe